JV

Iklan lan data sampeyan

Tujuan kita yaiku mbantu bisnis nggayuh wong-wong sing ditresnani kanthi cara sing kreatif lan migunani, sinambi menehake kontrol marang komunitas babagan informasi apa sing bisa dibage. Sampeyan bisa ngatur pengaruhe data tartamtu marang iklan sing sampeyan deleng liwat setelan privasi apl TikTok utawa piranti sampeyan.


Kita sadhar yen iklan digital bisa dadi kompleks, nanging kita nganggep ora perlu kaya ngono. Kita ngupaya njlentrehake praktik iklan kita kanthi gampang lan langsung.


Ngurmati privasi ing pangiklanan

Kita mbangun privasi ing TikTok kanthi gawan supaya komunitas kita bisa yakin anggone nemokake, nggawe, lan nikmati konten sing maneka warna lan nyenengake. Kita tansah ngupayakake supaya tetep transparan marang pangguna babagan cara kita ngumpulake, nggunakake, lan mbage data kanggo iklan.


Babagan iklan TikTok

Bisnis nuduhake iklan ing TikTok kanggo njangko wong-wong sing digatekake dheweke kanthi cara sing kreatif lan migunani. Iki mbantu supaya TikTok tetep bebas digunakake komunitas kita.

Sampeyan bakal ndeleng maneka iklan nalika nggunakake TikTok. Kabeh iklan sing mbayar marang TikTok supaya dipapanake ing kabar pangguna utawa ing kaca panlusuran kanthi cetha ditandhani nganggo ikon "Sponsor" utawa "Iklan". Sampeyan bisa interaksi akeh karo iklan kanthi cara sing padha karo konten sing diposting dening pangguna. Contone, sampeyan bisa mbage, nyenengi, ngomentari, utawa muter maneh iklan yen pangiklan ngaktifake fitur iki kanggo iklan tartamtu; sampeyan uga bisa nglapurake iklan yen sampeyan ngrasa iklan iku ora pantes.

Kabijakan Iklan TikTok nemtokake jinis produk lan layanan sing bisa diiklanake ing TikTok, uga jinis konten iklan sing dilarang utawa diwatesi ing platform kita.


Alasan sing nyebabake sampeyan bisa ndeleng iklan TikTok tartamtu

Kita kepingin iklan bisa ningkatake pangalaman TikTok sampeyan. Kanggo nggayuh iki, TikTok nuduhake menyang sampeyan iklan sing nggunakake informasi sing sampeyan sedhiyakake, sing otomatis kita kumpulake nalika sampeyan nggunakake TikTok, utawa sing dibage dening pangiklan lan mitra pangukuran babagan sampeyan.

  • Sampeyan bakal nampa iklan sing ora dipersonalisasi adhedhasar kategori informasi sing umume ditrapake marang sampeyan lan pangguna liyane adhedhasar konteks, kayata negara lan basa sampeyan, lan informasi sing dituduhake, kayata umur sampeyan. Iklan sing ora dipersonalisasi bisa wae kurang relevan kanggone sampeyan amarga iklan iku ora adhedhasar aktivitas sampeyan sing sadurunge.
  • Gumantung setelan iklan sampeyan, kita bisa nuduhake menyang sampeyan iklan sing dipersonalisasi, yaiku iklan sing kita anggep bakal sampeyan minati adhedhasar informasi sing kita tampa. Iki bisa kalebu informasi babagan aktivitas sampeyan ing apl utawa ing situs web lan apl duweke mitra pangiklan utawa ing tokone.


Informasi sing kita gunakake kanggo kabeh iklan

Informasi umum ing ngisor iki bisa wae digunakake kanggo nuduhake iklan sing dipersonalisasi utawa sing ora dipersonalisasi.

  • Informasi lokasi: Contone, sampeyan bisa wae ndeleng iklan saka pangiklan sing kepingin njangko pangguna TikTok ing Berlin, Jerman, yen kita ngira sampeyan ana ing Berlin adhedhasar informasi lokasi sampeyan. Ngerteni liyane babagan cara informasi lokasi dikumpulake.
  • Informasi basa: Contone, sampeyan bisa wae ndeleng iklan saka pangiklan sing kepingin njangko pamicara Basa Spanyol yen basa apl sampeyan diatur dadi Basa Spanyol.
  • Informasi demografis sing sampeyan sedhiyakake: Contone, umur sing sampeyan sedhiyakake nalika sampeyan ndhaftar ing akun TikTok bisa mengaruhi apa TikTok arep nuduhake iklan babagan layanan sewa mobil sing sumadhiya kanggo wong sing umure 25 utawa luwih.


Informasi sing kita gunakake kanggo iklan sing dipersonalisasi

Informasi tambahan ing ngisor iki bisa wae digunakake kanggo nuduhake iklan sing dipersonalisasi kanggo sampeyan, gumantung pilihan personalisasi iklan sampeyan.

  • Informasi demografis sing kita simpulake: Contone, kita bisa wae nduwe panemu babagan jinis kelamin sampeyan adhedhasar aktivitas sampeyan ing TikTok, sing bisa digunakake kanggo nyocogake iklan sing sampeyan deleng. Sampeyan bisa nganyarake pangira-ira jinis kelamin kanggo iklan kapan wae ing setelan iklan sampeyan. Panganyaran apa wae mung ditrapake marang setelan iklan sampeyan lan ora mengaruhi layanan TikTok liyane.
  • Informasi Minat lan Patrap
    • Aktivitas ing TikTok: TikTok bisa wae nampilake iklan babagan apa wae sing mungkin sampeyan senengi, adhedhasar cara sampeyan ndeleng, nggoleki, mbage, lan nyenengi konten utawa interaksi karo kreator, sarta interaksi sampeyan sing sadurunge karo iklan sing memper. Contone, toko ingon-ingon bisa wae kepingin ngiklanake obral dolanan kanggo asu marang wong sing seneng marang asu; kita bisa wae nuduhake iklan iki marang pangguna sing nyenengi akeh video sing di-tag nganggo tagar “asu”. Utawa toko aktivitas njaba ruang kepingin ngiklanake tendha kanggo fane kreator sing mosting konten babagan aktivitas njaba ruang lan alam. Kita bakal nuduhake iklan iki marang fane kreator jinis kasebut.
    • Aktivitas ing njaba TikTok: TikTok bisa wae mersonalisasi iklan adhedhasar informasi sing dibage dening Pangiklan kita, mitra pangukuran, lan mitra liyane. Contone, merek busana bisa wae kepingin mromosekake koleksi klambi musim panase marang pelanggan sing tau tuku saka situs web utawa ing apl duweke. Mereke bisa mbage informasi marang kita supaya kita bisa nuduhake iklane marang pangguna TikTok sing kita anggep kepingin digayuh dening merek.
      Informasi sing dibage bisa kalebu informasi piranti kayata ID iklan ponsel sampeyan lan/utawa alamat email lan nomer ponsel sing wis dienkripsi. Para mitra uga bisa mbage tumindak sing sampeyan lakoni ing apl utawa situs webe pangiklan, kayata nalika sampeyan nyelehake barang ing kranjang blanja.

Ana sawetara cara sing digunakake mitra kita kanggo mbage informasi menyang kita:

      • Integrasi karo alat pangiklan TikTok (kayata TikTok Pixel, API) minangka cara supaya TikTok bisa nampa informasi babagan tumindake pangguna tartamtu ing situs web utawa apl-e pangiklan.
      • Ngunggah file audiens sing ngandhut informasi piranti utawa kontak sing dienkripsi sing bisa dicocogake dening TikTok karo panggunane kanggo nggawe audiens sing ditarget dening pangiklan.
      • Njaluk mitra pangukurane supaya ngirimi kita data sing dikumpulake makili pangiklan babagan tumindake pangguna lan kedadeyan ing situs web utawa ing apl pangiklan.

Kanggo informasi liyane babagan jinis data sing bisa digunakake kanggo nglayani iklan, wacanen Kebijakan Privasi kita. Elinga yen TikTok nggunakake informasi sing dibage dening Pangiklan, mitra pangukuran, lan mitra liyane, mung yen dheweke sarujuk karo syarat kita supaya njaga privasi sampeyan. Sampeyan kudu ninjo kebijakan privasi sing ditrapake kanggo situs web lan pangiklan endi wae sing interaksi karo sampeyan.


Mbage data karo mitra pangukuran

Kita mbantu pangiklan ngukur efektivitas iklane ing TikTok, kayata apa iklan apl game nyebabake luwih akeh wong ngundhuh apl duweke. Kanggo nindakake iki, kita mbage informasi babagan tayangan utawa interaksi sampeyan karo iklan bareng mitra pangukuran pangiklan kita, yaiku perusahaan sing mbantu pangiklan mangerteni kepiye carane iklane dheweke nggayuh tujuan pamasarane. Mitra pangukuran ora diidinake nggunakake utawa mbage data kasebut kanggo tujuan liyane. Pangiklan uga mbage tumindak sampeyan ing apl, utawa situs webe, utawa ing tokone bareng mitra iki, sing banjur nemtokake apa tumindak kasebut bakal dikreditake menyang iklan sing sampeyan deleng ing TikTok. Iki mbantu njaga iklan ing TikTok tetep relevan lan njaga TikTok tetep gratis kanggo kabeh pangguna.


Ngontrol pangalaman iklan sampeyan

Kita nyedhiyakake produk lan informasi kanggo mbantu wong-wong supaya paham cara kerjane iklan ing TikTok – kalebu data apa sing digunakake kanggo nuduhake iklan lan sapa sing mbyar iklan sing sampeyan deleng.

Babagan iklan iki

Kanthi fitur "Babagan iklan iki", sampeyan bisa nemokake informasi liyane babagan carane iklan dipersonalisasi nggunakake maneka informasi panargetan sing dipilih dening pangiklan, kayata informasi lokasi, rentengan umur, informasi jinis kelamin sing dikumpulake, minat sing dikumpulake, lan informasi patrap sampeyan adhedhasar aktivitas sampeyan ing njero lan njabane TikTok. Contone, sampeyan bisa wae ndeleng iklan dolanan kanggo asu yen sampeyan tau interaksi karo video sing tagare "asu" utawa nyambangi situs web toko kewan sing wis nginstal TikTok Pixel. Sampeyan bisa ngeklik tombol bage ing sisih tengen ngisor iklan utawa menet suwe video iklan kanggo nemokake "Babagan iklan iki".

Babagan pangiklan

Kanggo nyedhiyakake luwih akeh transparansi babagan sapa sing mbayar iklan sing sampeyan tonton, kita wis ngatutake pangungkaban "Babagan sing gawe iklan" sajrone "Babagan iklan iki". Sampeyan bakal bisa ndeleng jenenge pangiklan, wong sing mbayar iklane yen beda pangiklan (sing, yen ditrapake, bisa wae dijarwakake dadi basa Inggris), jeneng negara panggonane pangiklane kadhaftar ing TikTok, lan kontrol kanggo nggawe bisu iklane pangiklan kanggo sawetara wektu.

Alat kontrol iklan sampeyan

Kanggo mbantu ngaktifake kontrol sampeyan marang pangalaman iklan sampeyan ing TikTok, kita nawakake saperangan alat ing njerone "Setelan lan privasi" kanggo mbantu sampeyan ngatur iklan sing dipersonalisasi apa sing sampeyan deleng.

Ing njerone "Iklan", sampeyan bisa ngatur cara kita nggunakake data kanggo ngatur iklan kanggo sampeyan. Kaya sing dijlentrehake ing ngisor, setelan iki bisa wae beda miturut wilayah.

  • Nggawe bisu pangiklan: Yen sampeyan kepingin ngaso saka ndeleng iklan dituduhake dening pangiklan tartamtu, sampeyan bisa "nggawe bisu" pangiklan supaya ora bisa ngubungi sampeyan suwene 28 dina ing "Iklan->Setelan sing gawe iklan".
  • Resiki aktivitas ing njaba TikTok sampeyan: Sampeyan bisa ngresiki aktivitas sing dibage dening mitra iklan marang TikTok babagan sampeyan sing bisa wae wis digunakake kanggo nuduhake iklan marang sampeyan ing setelan "Iklan->Aktivitas ing Njaba TikTok Sampeyan". Sampeyan bisa ngresiki aktivitas sampeyan saben 24 jam.
  • Anyarake minat iklan sampeyan: Sampeyan bisa ndeleng lan ngatur kategori target minat sing dikumpulake TikTok lan digunakake pangiklan kanggo narget iklan marang sampeyan ing "Iklan->Carane iklan sampeyan dipersonalisasi".
  • Ganti basa: Yen kepingin iklan sampeyan muncul ing basa sing beda, sampeyan bisa ngganti setelan basa apl sampeyan ing "Basa".


Ngatur panggunaan data kanggo iklan ing wilayah sing beda
EEA, Inggris, lan Swiss
  • ing EEA, Inggris, lan Swiss, sampeyan bisa ngontrol iklan sing sampeyan deleng kanthi cara sing kasebut iki.
    • Sepisan, tiliki kaca apl TikTok > Setelan lan privasi > Iklan.
    • Gunakake saklar "Iklan sing dipersonalisasi" kanggo nemtokake yen data aktivitas sampeyan ing njero lan njaba TikTok kudu digunakake kanggo nuduhake iklan sampeyan sing dipersonalisasi. Kanthi setelan iki, sampeyan bisa mateni iklan sing dipersonalisasi bebarengan. Sampeyan isih bakal ndeleng iklan, nanging iklane bakal ora pati relevan kanggo sampeyan.
  • Kanggo pangguna ing iOS 14.5 utawa luwih anyar, sampeyan bisa mbukak setelan privasi lan ora ngidinake TikTok nglacak aktivitas sampeyan ing kabeh apl lan situs web perusahaan liya. Nalika dipateni, setelan iOS iki bakal diutamakake tinimbang setelan ing apl sing wis sampeyan pilih.
  • Ing Android, sampeyan bisa mbukak setelan privasi sampeyan lan milih mbusak utawa ngreset ID iklane, yaiku pangidentifikasi sing bisa digunakake kanggo nglacak aktivitas sampeyan ing kabeh apl sing beda.
Wilayah Liya
  • Tiliki apl TikTok sampeyan > Akun > Setelan lan privasi > kaca Iklan kanggo ngowahi apa iklan sing sampeyan deleng ing TikTok bisa luwih diatur miturut minat sampeyan adhedhasar data sing dibage dening mitra iklan marang kita babagan aktivitas sampeyan ing apl utawa situs web mitra iklane. Sampeyan bakal tansah ndeleng iklan adhedhasar apa sing sampeyan lakoni ing TikTok.
  • Ing iOS, kanggo versi 14.5 utawa luwih anyar, sampeyan bisa mbukak setelan privasi lan ora ngidinake TikTok nglacak aktivitas sampeyan ing kabeh apl lan situs web perusahaan liya. Nalika panglacakan dipateni, setelan iOS iki bakal diutamakake tinimbang setelan ing apl sing wis sampeyan pilih lan saklar iklan sing katarget sing dijelasake ing ndhuwur ora bakal sumadhiya. Yen sampeyan kepingin ngaktifake iklan katarget adhedhasar aktivitas ing njaba TikTok sampeyan, uripake panglacakan kanggo TikTok ing setelan privasi piranti iOS sampeyan.
  • Ing Android, sampeyan bisa mbukak setelan privasi sampeyan lan milih mbusak utawa ngreset ID iklane, yaiku pangidentifikasi sing bisa digunakake kanggo nglacak aktivitas sampeyan ing kabeg apl sing beda.


Apa aku bisa mblokir utawa nglapurake iklan?

Sanajan sampeyan ora bisa mandheg ndeleng kabeh iklan ing TikTok, sampeyan bisa ngatur jinis iklan sing sampeyan deleng kanthi menehi umpan balik marang TikTok babagan iklane utawa pangiklan.

Nglapurake iklan:
  • Klik ikon Bage ing sisih tengen ngisor iklan > pilih Lapurake > tutake pituduh ing layar
  • Penet suwe video Iklane > pilih Lapurake > tutake pituduh ing layar
Ndhelikake iklan:
  • Klik ikon Bage ing sisih tengen ngisor iklan > pilih "Ora minat" > tutake pituduh ing layar
  • Penet suwe video Iklane > pilih "Ora minat" > tutake pituduh ing layar


Tautan sing Gegandhengan